Mending Pedhot

NELLA KHARISMA

Janji, janji, janji, marang awakku
Nyatane mung palsu, palsu, soko lambemu
Sak jane aku ngerti kowe kuwi mung ngapusiNanging opo awak iki
Iseh tresno setengah mati

Aduh puyeng sirah iki mubeng ra karuan
Mikirke kowe Cah Bagus sing gawe pikiran
Nengopo kok koyok ngene? Ben dino tok sepeleke

Opo ora mikir kowe ki sing tak tresnani?
Opo uwis lali kowe ki sing tak enteni?
Nanging kabeh janji kuwi wes ora terbukti
Mung larani ati, pasrah karo Sang Ilahi

Wes cukup, cukup, cukup
Anggonmu leh sandiworo
Nek pancen ra tresno, tresno, luwih becik kowe lungo
Ra iso tepo sliro, nggawe atiku nelongso
Mendhing pedhot wae
Golek tresno sing liyane

Aku trimo pedhot senadyan rasane abot
Wes bacut kuciwo amung gawe aku loro
Ati wes ra biso neruske dalane crito
Marang kowe Cah Bagus mergo janji palsumu

Wes cukup semene anggonku nyanding awakmu
Senadyan roso tresno isih ono neng sliramu
Sak iki kowe lungo soko adoh ing mripatku
Aku kudu kuat senadyan pisah ro awakmu

Ibarat tibo tasih ketiban ondo
Wes loro tambah disio-sio
Opo kowe kuwi wes ora mikir
Timbang ngerasake tresnomu
Aku trimo sumingkir

Janji, janji, janji, janji, marang awakku
Nyatane mung palsu, palsu, soko lambemu
Sak jane aku ngerti kowe kuwi mung ngapusi
Nanging opo awak iki
Iseh tresno setengah mati

Wes cukup, cukup, cukup
Anggonmu leh sandiworo
Nek pancen ra tresno, tresno, luwih becik kowe lungo
Ra iso tepo sliro, nggawe atiku nelongso
Mendhing pedhot wae
Golek tresno sing liyane