Sanes

VITA ALVIA , Lala Widy

Apa kowe ra ngerti larane (apa kowe ra ngerti larane)
Nalika pas aku kelangan kowe?
Ngancani mangsa sepimu, nuruti apa karepmu
Nyatane atimu dudu nggo aku

Arepa gedhene rasa tresnaku (rasa tresnaku)
Sakjerone atiku nggo sliramu
Yen udu sing dikarepke, sanes sing dipengini
Durung sempet duweni, pun kon ngikhlaske

Nyatane (nyatane)
Saksingkat-singkate ceritane
Ngelalekne tetep ora gampang (ora gampang)
Ra kaya kowe sing gampang golek liyane

Ngancani, nanging ora isa nduweni
Ngenteni, nanging kowe
Malah ngenteni tresna liyane (tresna liyane)
Dudu aku ternyata sing mbok karepke

Udane saya deres, ra mandheg-mandheg
Atiku melu teles
Pas udane teka, kowe lunga
Kowe lunga mileh wong sing luwih mulya

Nyatane (nyatane)
Saksingkat-singkate ceritane
Ho-oh, ngelalekke tetep ora gampang
Ra kaya kowe sing gampang golek liyane

Ngancani, nanging ora isa nduweni
Ngenteni, nanging kowe
Malah ngenteni tresna liyane (tresna liyane)
Dudu aku ternyata sing mbok karepke, hu-oh

Udane saya deres, ra mandheg-mandheg
Atiku melu teles
Pas udane teka, kowe lunga
Kowe lunga mileh wong sing luwih mulya

Pas udane teka, kowe lunga
Kowe lunga mileh wong sing luwih mulya
(Ha-ah-ah)