Nginang Karo Ngilo

Manthous

Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Kothak cilik mas nggo wadah mbako
Aku Emoh-aku emoh yen kowe ngono
Plonga-plongo anggepmu koyo wong bodo


Dituthuk nganggo pipo ledeng
Isi kapuk mas jenenge klentheng
Tiwas methuk- tiwas methuk sikile kemeng
Bareng pethuk jebule malah mentheleng

Eman eman di-eman-eman
Wong dolanan malah dadi tenanan
Eman-eman di-eman-eman
Eman-eman jebule ora keduman

Pilih gethuk opo pilih tape
Podo-podo mas.. soko telane
Mbiyen piye saiki katone piye
Yen ra mathuk mumpung podo butuhe

Eh eh eh.. nginang karo ngilo
Numpak jaran mas.. jarane belo
Mbiyen kae-mbiyen kae janji ra ngono
Bungah susah jare dinggo wong loro

E… nginang karo ngilo