Ngidam Sari

Manthous

Upama sliramu sekar melati
aku kumbang nyidam sari
upama sliramu margi wong manis
aku kang bakal ngliwati

sineksen lintange luku semono
janji prasetianing ati
tansah kumantil ning netro renoso
keroso rasaning driyo

midero sak jagad royo
kalingono wukir lan samudro
nora ilang memanise aduh
dadi ati selawase

nalikane iro ing dalu atiku
lamlamen siro wong ayu
nganti mati ora bakal lali
lha kae lintange mlaku