Mbah Dukun

Manthous

Permisi mBah, kulonuwun
nopo ngriki daleme mBah Mangun?
Sing kondhang dadhos dukun
tetombo mesthi mantun
gadah putri namine Atun

Kulo mriki mBah,
estu bade pados jampi
jampi wuyung
sanes jampi wudhun

Pripun mBah?
Pripun mBah Dukun?
Ampun terus ngalamun
Keng putra Atun, mBah,
kadhos kulo nggih purun
mesthi enggal mantun

Permisi mBah, Si mBah Dukun
Terimakasih alias maturnuwun
Sakit kulo pun mantun
diparingi Atun
Sak niki kersani kepripun

Kulo niki mBah
anake wong tani yutun
sugih beras, sugih pantun

Pripun mBah?
mBah Dukun ampun terus ngalamun
Duh aduh aduh, ampun mBah
Keng putra Atun, mBah,
niki tumbasanipun:
anduk kalih sabun