Terminal Terboyo

Didi Kempot

Soko Terminal Terboyo Kuto Semarang
Aku lan sliramu mung tansah reruntungan
Tak gandeng tanganmu tak elus rambutmu
Gemeter rasane iki jantungku

Roso kangenku nganti tekane seprene
Nyatane ora gampang nggonku nglalelake
Rak isuk rak sore rak awan rak wengi
Esemmu mung tansah anggodo ati

Janjimu neng Terminal Terboyo
Neng Kuto Semarang naliko smono
Kondo prasetyo sing ko aturake
Tresnamu kanggo aku selawase

Janjimu neng Terminal Terboyo
Sineksenan endahe langit lan mego
Roso tresno asih setyo lan tuhu
Sing tak tunggu tresnamu mung kanggo aku

Terminal Terboyo kang endah lan edi
Pranyoto papan kang nyimpen lan yekti
Tresnamu lan tresnaku sing tulus kepati
Saiki wis sigar ora nyawiji

Daftar lirik lagu Didi Kempot

NO