Lampu Mati

Didi Kempot

Pet lampune mati,
Peteng ndhedhet omah iki..
Pet mati lampune,
Teplok teplok diuripke..

Nyamuk nyamuk podho nyanyi,
Wing nguwing terus nyakoti..
Tak enggati ketatap korsi,
Aduh biyu..ng sikilku mlenthung..

Pet lampune mati,
Bocah cilik podho wedi..
Pet mati lampune,
Thole nangis nggolek'i mbok'e..

Mbah putrine grayah grayah,
Mbah kakunge pengen ngopi..
Mlaku ngarep kleru mburi,
Grayah grayah.. ngutahke kopi..
Pet lampune mati..

Paling enak sing lagi pacaran,
Lampune mati, malah sun sunan..
Paling enak sing lagi sun sunan,
Mati lampune pet..mati matian..

Anget, tenan, mati, lampu,
Anget tenan mati lampune..

Pet lampune mati,
Bocah cilik podho wedi..
Pet mati lampune,
Thole nangis nggolek'i mbok'e..

Mbah putrine grayah grayah,
Mbah kakunge pengen ngopi..
Mlaku ngarep kleru mburi,
Grayah grayah.. ngutahke kopi..
Pet mati lampune..

Paling enak sing lagi pacaran,
Lampune mati, malah sun sunan..
Paling enak sing lagi sun sunan,
Lampune mati pet..mati matian..

Byar lampune padhang,
Sing pacaran dho konangan..
Byar lampune padhang,
Sing sun sunan ketok tenan..

Daftar lirik lagu Didi Kempot

NO