Bapak

Didi Kempot

Rambut wis ra ireng
Wis malih rupane
Ireng dadi putih saikine
Dino tambah dino
Umur tambah tuwo
Nanging koyo-koyo ora diroso

Ngadeg dadi jagad
Nyonggo piringe anak
Mempeng kerjo ora mikir rogo
Paribasan umur

Wis akeh cacahe
Nganti bingung anggonku ngitunge

Bapak...bapak... tekadmu kuwi tak puji
Bapak...bapak... kowe koyo senopati
Bapak...bapak... panasmu ngungkuli geni
Bapak...bapak... keno angin soyo ndadi

Senajan uwis tuwo
Nekad mempeng kerjo
Nyambut gawe kanggo nguripi kluargo

Bapak... snajan umurmu wis tuwo, nanging tekadmu biso dadi tulodho, aku anakmu mung biso memuji Mugo-mugo bapak tansah pinaringan bagas waras saking gusti kang moho kuwoso, kulo pak, anak sampean

Daftar lirik lagu Didi Kempot

NO