Kangen Bandungan

Didi Kempot

Sayang aku kangen sayang kangen kowe

Adem tenan wengi iki
Ora ono sing ngancani
Neng kene neng kene neng kene aku ngenteni
Fotomu tansah tak sanding
Tak sawang sinambi ngekep guling
Ngene kangenku angel turu
Esuk awan tekan sore
Aku tansah eling kowe
Neng ngendi neng ngendi neng ngendi enggalo bali

Lemes koyo tanpo balung
Saben dino mung tansah ngalamun
Ngantio swindu ra luntur tresnaku

Sayang aku kangen sayang kangen kowe

Oh angin oh angin oh angin kabarno kangenku iki
Neng kene neng kene neng kene aku ngenteni
Oh bulan oh bulan oh bulan jumedulo wengi iki
Padangno padangno padangno atiku sing peteng iki
Bandungan hawane adem
Keturutan atiku ayem
Iso ketemu mari kangenku

Duh wong ayu neng ngendi papan lan dunungmu,
Koyo ngene rasane kangenku mung tansah lam-lamen sliramu terus wong ayu,
Paribasan sawah ing mongso ketigo,
Aku ngenteni mudune banyu soko angkoso, enggalo bali,
Aku tansah ngenteni sliramu wong ayu...

Daftar lirik lagu Didi Kempot

NO