Sanes

Woro Widowati

Apa kowe ra ngerti larane
Nalika pas aku kelangan kowe?
Ngancani mangsa sepimu, nuruti apa karepmuNyatane atimu dudu nggo aku

Arepa gedhene rasa tresnaku
Sakjerone atiku nggo sliramu
Yen dudu sing dikarepke, sanes sing dipengini
Durung sempet nduweni, pun kon ngikhlaske

Nyatane
Saksingkat-singkate ceritane
Ngelalekke tetep ora gampang
Ra kaya kowe sing gampang nggolek liyane

Ngancani, nanging ora isa nduweni
Ngenteni, nanging kowe
Malah ngenteni tresna liyane
Dudu aku ternyata sing mbok karepke

Udane saya deres, ra mandheg-mandheg
Atiku melu teles
Pas udane teka, kowe lunga
Kowe lunga mileh wong sing luwih mulya

Nyatane
Saksingkat-singkate ceritane
Ngelalekke tetep ora gampang
Ra kaya kowe sing gampang nggolek liyane

Ngancani, nanging ora isa nduweni
Ngenteni, nanging kowe
Malah ngenteni tresna liyane
Dudu aku ternyata sing mbok karepke

Udane saya deres, ra mandheg-mandheg
Atiku melu teles
Pas udane teka, kowe lunga
Kowe lunga mileh wong sing luwih mulya

Pas udane teka, kowe lunga
Kowe lunga mileh wong sing luwih mulya