Dadi Siji

Woro Widowati

Pandongaku tekan tua, nganti sing misahke nyawa
Kangmas, aku percaya kowe ra gampang kena gudha
Bebarengan jaga ati, aja ngasi ngelaraniYo mung siji, yo mung kowe tekan mati

Wis tak pasrahke kabeh karo Gusti
Udane sore sing dadi saksi
Nalika kabeh iki tak lakoni ikhlas ati
Muga Gusti maringi dalan sing tak pengini

Dadi siji tekan tua sesandingan
Aja mung isa ninggalke kenangan
Arepa mengko nyawa iki uwis ilang salah siji
Ra bakal ana sing isa ngganteni

Pandongaku tekan tua, nganti sing misahke nyawa
Kangmas, aku percaya kowe ra gampang kena gudha
Bebarengan jaga ati, aja ngasi ngelarani
Yo mung siji, yo mung kowe tekan mati

Dadi siji tekan tua sesandingan
Aja mung isa ninggalke kenangan
Arepa mengko nyawa iki uwis ilang salah siji
Ra bakal ana sing isa ngganteni

Seka aku karo kowe isa dadi awakdewe
Matur suwun wis ngancani selama iki
Tak temokke kabeh bahagiaku sing tak karepke
Karo kowe, kabeh wis dadi takdire
Karo kowe, kabeh wis dadi dalane