Cerito Loro

Woro Widowati

Tak tembangke lagu iki
Kanggo sliramu sing paling tak tresnani
Getun ati iki, aku ra nepati janjiAku lungo tanpo kondo
Mergo kedanan wong liyo

Kelingan mbiyen dewe ketemu
Kowe janji ra bakal ngelarani atiku
Segampang iki caramu mupus roso tresnoku
Aku ra bakal lali
Tekan kapan ra bakal tak ngapurani

Kowe lungo ninggal aku, atiku loro
Ora nyongko kowe gampang keno gudo
Aku ra iso nompo lehmu dolanan tresno
Tak akoni, pancen aku iki dudu sopo-sopo

Sing gedhe pangapuramu, lungaku ninggal tatu
Wis gawe loro atimu
Aku ra butuh tresnomu, kabeh kuwi mung palsu
Tak buang roso tresnoku, korban janji manismu
Tak jaluk pengertianmu, ojo dadi loromu
Tulung, ngapuranen aku

Ati iki dudu dolanan, dudu pelampiasan
Senadyan uripku pas-pasan, aku wani kelangan
Ora perlu tok getuni, cerito loro iki
Ora bakal tak baleni

Kowe lungo ninggal aku, atiku loro
Ora nyongko kowe gampang keno gudo
Aku ra iso nompo lehmu dolanan tresno
Tak akoni, pancen aku iki dudu sopo-sopo

Sing gede pangapuramu, lungaku ninggal tatu
Wis gawe loro atimu
Aku ra butuh tresnomu, kabeh kuwi mung palsu
Tak buang roso tresnoku, korban janji manismu
Tak jaluk pengertianmu, ojo dadi loromu
Tulung, ngapuranen aku

Ati iki dudu dolanan, dudu pelampiasan
Senadyan uripku pas-pasan, aku wani kelangan
Ora perlu tok getuni, cerito loro iki
Ora bakal tak baleni

Ora perlu tok getuni, cerito loro iki
Ora bakal tak baleni