Wegah Kelangan

Yeni Inka

Rungokno jerit atiku iki
Sing bingung noto roso ning ati
Pinginku kowe ngertiSing tak pikir saiki

Tulung, kowe ojo salah tompo
Ojo mbok pikir aku ngeliyo
Kabeh iki kahanan
Ra iso neruske katresnan

Jujur, aku iseh sayang, wegah kelangan
Mergo tresno wes tak patri ning njero ati
Nanging arep piye maneh, iki wes kahanan
Kudu pisahan

Njalokku kowe ojo nangis mergo lungaku
Mungkin iki wes ginaris, dudu penjalokku
Nglungani sliramu, abot rasane
Pangapurane

Ora ono niatku ngelarani atimu
Rungokno aku senajano aku sing kleru
Tak akoni pancen gede roso tresnoku
Yo mung kanggo awakmu
Cukup pisan iki kowe loro ati
Ora tak baleni, anggonku lek nglarani

Jujur, aku iseh sayang, wegah kelangan
Mergo tresno wes tak patri ning njero ati
Nanging arep piye maneh, iki wes kahanan
Kudu pisahan

Njalokku kowe ojo nangis mergo lungaku
Mungkin iki wes ginaris, dudu penjalokku
Nglungani sliramu, abot rasane
Pangapurane

Mung kependem roso tresno
Bebarengan, ora bakal dadi nyoto
Pengen langgeng, yo kuwi karepmu
Nanging wong tuaku ora setuju