Jare Simbah

Yeyen Vivia

Iki lagu republic mbois
Sing romantis lan harmonis
Nadjan okeh wong urip optimis
Ojo dadi wong sing pesimis

Ojo tau ngaku wong jowo
Nek ra ngerti toto kromo
Dudu becik dudu keolo
Nek ra gelem uripmu rekoso

Jare simbah jamane soyo tuwo
Mulo akeh menungso sing ra pokro
Iki jaman kabeh wis serba praktis
Akeh wong ndeso niru niru artis

#rapp
Saiki jaman menungsone wes podo koplak
Akeh uwong wayang omong ning gur waton jeplak
Dikandani malah galak dialusi tambah getak
Podo ngomong ora kulak opo pancen wis dadi watak

Welinge sing go pacara ojo menggok menggok
Mergo wes akeh korbane sing podo keblondrok
Jaman biyen diomongi kuwi ora ilok
Malah saiki akeh wong ngelakoni bola bali mergo wes ra gelem takok

Jare simbah jamane soyo tuwo
Mulo akeh menungso sing ra pokro
Iki jaman kabeh wis serba praktis
Akeh wong ndeso niru niru artis