Tukang Pijet

Waljinah

Kecrak-kecrek
turut pinggir dalan gede
wis adate tukang pijete
golek gawe

Kecrak-kecrek
sopo sing kroso boyoke
wis jamake diceluke
pijet wae

Ngendi wae
wis carane ojo diece
Yen beneran awak lungkrah
biso sumiyah

Boyok pegel
awak kesel diingel-ingel
Yen ra ngandel
ojo mangkel mundak kogel

Ngendi wae
wis carane ojo diece
Yen beneran awak lungkrah
biso sumiyah

Roso meri wong saiki
akeh sing lali
Jare gengsi
jebul mikirke sing siji

Kecrak-kecrek
Tukang pijet masa kini
sing dipijet bukan kayu bukan besi

Kecrak-kecrek
tukang pijet kelas tinggi
Lembut hati bubar mijet nyiwil pipi