Kepangku Kapang

Sindy Purbawati

Sinten sinambat ing wewangi iki
Hamung siro yekti
Eseme kang manis maduDuh, wong bagus

Tresno lir tirto gumanti dahono
Awit siro marang roso
Endah rumembyak rekmamu
Dadyo angenku saben dalu.

Wengi kadyo setro
Kegowo lungane baskoro
Peteng tanpo condro
Tanpo kartiko

Lumayu ing awang-awang hanggayuh lintang
Nyanding kekaronsih mung dadi lelamunan
Lewat kidung iki mugo biso ngerteni
Sak jroning ati iki, kangmas, ngugemi janji

Ha-ah-ha
Ha-ah-ha
Ha-ah-ha-ah
Ha-ah-ah-ha

Wengi kadyo setro
Kegowo lungane baskoro
Peteng tanpo condro
Tanpo kartiko, ho-oh

Lumayu ing awang-awang anggayuh lintang
Nyanding kekaronsih mung dadi lelamunan
Lewat kidung iki mugo biso ngerteni
Sak jroning ati iki, kangmas, ngugemi janji

Nadyan datan andarbeni
Bakal tak ruki suci sejati
Duh, maruto kandakno
Saktemene aku isih tresno