Ngamen 2

Sagita

Mak iki anakmu prawan
Wiwit mbiyen ono ing perantauan
Iling ngiwangi neng kantin sekolahan
Telung sasi mak aku urung bayaran
Mak dongamu mandhi tenan diijabahi marang gusti pengeran

Koyok ngene rasane wong ora duwe
Duwe pisan di ece karo kancane
Iling-iling manungso bakale mati
Yen wes mati di kubur sanak family
Di pendem jero di apit bumi

Ono kubur iku akeh pandoso
Ulo klabang kolojengking podo moro
Ono setan membo-membo dadi perawan
Benno krasan yen ono kuburan

Neng akhirat ora ono montor liwat
Neng akhirat ora ono sego berkat
Neng akhirat ora ono mejo biliard

Onone godo ne moloikat
Sak sugih, sugih e uwong mesti ono mlarate
Sak mlarat, mlarat e uwong mesti ono celenganne
Mangkane golek bojo ojo mandeng rupo

Rupo elek kuwi yow ora dadi ngopo
Mangkane golek bojo ojo mandeng bondo
Seng pentingg, ora ngenteni warisan moro tuwo
Kowe pancen keren le, koyok bekas pacarku mbiyen,

Eman, eman tenan, kerenmu mung kanggo obralan
Obral, obral janji le urung mesti uripmu mulyo
Mulo aku wes kondo, melu aku urip nang deso
Ngiwangi gawe boto, menek kelopo nyeblok bongko

Daftar lirik lagu Sagita