Leren Ngamen

Ratna Antika

Mak iki lho anakmu prawan
Kerjo ngamen ono neng dalanan
Turu bambong neng trotoar
Mangan ngenteni dermawan

Turu bambong neng trotoar
Mangan ngenteni dermawan

Mak pandongamu mandi tenan
Aku pethuk produser rekaman
Ora ngiro ora nyono
Di gandrungi wong sak dunyo

Ora ngiro ora nyono
Di gandrungi wong sak dunyo

Aku ndisek ngamen neng dalanan
Mlebu kampung metu kampung neng bis-bisan
Nanging saiki wes terkenal
Mlebu tv bintangi iklan

Aku seneng wis nduwe bondo
Aku kangen kepingen mulih neng ndeso
Bekti anak marang wong tuwo
Emakku tak boyong neng kuto

Aku wis leren ngamen
Saiki anakmu sugih-sugih-sugih-sugih-sugih
Aku wis leren ngamen
Saiki anakmu sugih-sugih-sugih-sugih-sugih