Cekcok (feat Rizal Pramudya)

Nunung Alvi

Umah umah wis taunan mekaya ora karuan
Wong lanang doyan demenan bli niat urip temenan
Pager doyong pribasane
Ya apa gebrage bae ya wong lanang

Aja nyalahkaken kita sing salah badane sira
Sebabe bonggan e sapa bli bisa ngrawati dunya
Duit nyanding angger prakas
Dasar sira awak bumbas ya wong wadon

Menang dewek bae padahal bumbas deweke pira sih bayarane
Mader sedina noke bli ngalor bli ngidul
Duit entok kanggo kebul

Dadi karepe kepriben yen sira wis ora tlaten
Kula wis nekad melotot
Srog ngomonga aja isin
Ibarat wong mikul abot kepengene liren dikit ya wong lanang

Arep cukupe sing ndi sedina blolih sekati
Pengene udude putih pakean pengene bersih
Kula pegel nglakonane suka pragat ya jodohne ya wa lebe

Wong malek bli weruh ngisin
Bli cukup sekilo asin
Klalen ning janji kang dingin
Nglamune sodara bensin
Cangkem ngomong ora mikir
Nafkah laki y di pungkir

Wadon ngomong bener lanang ya ngomonge bener
Keder temen nguruse keder temen mutuse
Ngurusi wong doyan cekcok bisa bisa lara boyok

Dadi kerjaan sampean lan wis dadi kewajiban
Ora usah keder keder lan maning aja gemeter
Lanang pira wadon pira dibagi soal pekaya ya wa lebe

Ya wis kenen bae putusan saking wa lebe
Lanang olih sepikul wadon kang segendongan
Lanang talake wis ucul wadon olih gentayangan

Ya wis nyingkira sing adoh
Bokatan wis langka jodoh
Kula wis iklas lan rido
Ning sampean lanang bodo
Aja pikir jendal jendil kawulan sedekah pendil ya wa lebe

Aja puas puas temen mader reang wis bli demen
Sira kari delengaken reange arep umbaraen
Arep ngidul arep ngalor jagat bli segodong kelor ya wa lebe

Ngrokokena kabeh ning ki tuture wa lebe
Sewote aja klalen ngomong aja keluwen
Kelingana waktu bengen bokatan besuke balen

Ora arep bli temen dibaleni macam kuen
Reang gah pitung turunan ora bakal keedanan
Arepan luruh wong gagah
Ya los reang gah wis beda

Wis isun permisi perkara wis tek beresi
Kari laksanakaken los barange bagian
Wa lebe e arep salin arep ngurusi wong kawin