Lungamu

LSista

Mas ngapuranen aku
Tak jaluk kowe lilakke lakuku
Kabeh iki salahku sing mblenjani janjiku
Wis gawe loro neng njero atimu

Dik tegane awakmu
Wis nggawe cidro neng njero atiku
Kabeh roso sayangku amung kanggo sliramu
Ningopo kowe tinggalke tresnaku
Percoyo mbarang gusti yen pancen iki dalan uripku
Dudu maksude awakku nglarani sliramu
Nyuwun pangapuro yen wis nglarani atimu
Aku jaluk kowe iso nglilakke lungaku
Kudu iso nompo yen pancen iki dalane
Kuwi kudu nompo yen pancen iki takdire
Pancen iki kabeh salahku sak kabehane
Gawe kowe keciwo

Ikhlas atiku tak lilakke lungamu
Senajan loro neng njero atiku
Mugo sliramu nemokke dalan uripmu
Karo wong liyo sing dadi pilihanmu
Mas ngapuranen aku
Tak jaluk kowe lilakke lakuku
Kabeh iki salahku sing mblenjani janjiku
Wis gawe loro neng njero atimu

Dhik tegane awakmu
Wis nggawe cidro neng njero atiku
Kabeh roso sayangku amung kanggo sliramu
Ningopo kowe tinggalke tresnaku

Aku percoyo yen kowe bakal urip mulyo
Tambani atimu sing tau keronto-ronto
Nglalekke awakku sing gawe kowe nelongso
Sesandingan bebrayan karo wanito liyo

Nyuwun sewu yen wis gawe laraning atimu
Ngapuranen aku gawe nelongso atimu
Saiki tak jaluk lalekno kabeh rosomu
Mugo luwih becik lakune dalan uripmu

Ikhlas atiku tak lilakke lungamu
Senajan loro neng njero atiku
Mugo sliramu nemokke dalan uripmu
Karo wong liyo sing dadi pilihanmu

Ikhlas atiku tak lilakke lungamu
Senajan loro neng njero atiku
Mugo sliramu nemokke dalan uripmu
Karo wong liyo sing dadi pilihanmu