Wedangan

Fu Clan

wedangan ayo dong wedangan
wedangan ayo dong wedangan

[papie slim]
niyate lek-lekan nongkrong sambi jagongan
guyonan banjur da golek wedangan
sing sisih kono lho (ngendi ngendi...) wetan prapatan
nggon wedangane...akeh panganane...wis cemepak kari milih ning kene
ngemil bakwan apa blanggreng lentho ugo mendoan
wis gari njipuk, yen krasa mathuk
najan mata ngantuk, tansah teklak tekluk
terus kok krasa...krasa wetenge kluruk
langsung njikuk sego kucinge
karo ngombene, nyruput wedang jahe
we...lha dalah kok krasa penake

[c-arms]
ojo kaget ning solo wedangan akeh cacahe
arep ngiras neng kono opo arep sing ning kene
sak karepmu sing penting seneng atimu
ning aja ngganggu kiwa tengenmu sing lagi do turu

(chorus)
wedangan ayo dong wedangan neng wetan prapatan
wedangan ayo dong wedangan karo disambi guyonan
wedangan ayo dong wedangan aja da pace-pacenan
wedangan ayo dong wedangan wuenak tenan

[mac denny]
mrene da mrene, ono ning wedangane
crito-crito masalah kahanane
ono sing guyonan, ono sing padha gojekan
kabeh di kupas entek ana ning wedangan
sing di critakke ra mung masalah wanita
politik kriminal opo maneh krisis monco
sing le crito koyone kok tenanan
koyo koyo ngerti kabeh kasunyatan
sing ngrungokke malah do pati ndomblong
kabeh malah koyo sapi ompong

[213]
sing do crito nyrocos nganti ra karuan
kabeh sing neng kene malah di gambar wayang
saktenane deke gor maca ning koran
korane bekas nggo buntel panganan
ningo yo ra popo sing penting ana sing crito
pancen neng wedangan suasanane enak tenan...

[back to chorus]

[gan]
bakule wedangan ketok ngguya-ngguyu
mergo dagangane kabeh do podo payu

[macdenny]
ojo ngguya-ngguyu le! iki ono sing tuku
sing tuku pesene ngombe kopi susu
karo mangan tahu sing cacahe telu
lincak ning wedangan wis ketok podo kebak
kabeh podo mangan ketok krasa kepenak
ono sing neng pojok karo disambi udud
amargo lambene saiki rodo kecut
ono sing kewaregen nganti ra isoh mlaku
amargo deweke ngentekke sego pitu
wengi-wengi nek dolan ning solo ojo wedi luwe
mergo wong dodol wedangan iku okeh banget cacahe yow...(mampir bu....)

[back to chorus]

Daftar lirik lagu Fu Clan