Bocah

Diandra Ramadhan

Bo, bo, bo, Bocah
Dikon turu ora gelem
Dikon mangan malah mingkemNjaluk duit karo ngancem
Dasar bocah kurang asem

Bapak muring malah ayem
Ibu nesu malah dugem
Mulih mulih malah mendem
Dasar bocah kurang asem

Mbedigal
Mbedigal
Koyok kadal
Cah nakal
Cah nakal
Koyok brandal

Bola bali ngertine bocah kuwi gur mung duwit
Ora ngerti wong tuwone kuwi nganggo mung sak cuprit
Direwangi mlitit mlitit, duwe pangan diirit irit
Nyambut gawe malah mblejit
Karo mlayu komat kamit

Iki jamane jaman rusak
Wong tuwo kalah karo anak
Bapak′e muring malah ngakak
Ra enek pangan Mbok'e didupak

Dasar bocahe kuwi bocah koplak
Mangan kudune karo iwak
Dike′i tempe njaluk ketoprak

Bocah
Dikon turu ora gelem
Dikon mangan malah mingkem
Njaluk duit karo ngancem
Dasar bocah kurang asem

Bapak muring malah ayem
Ibu nesu malah dugem
Mulih-mulih malah mendem
Dasar bocah kurang asem

Mbedigal
Mbedigal
Koyok kadal
Cah nakal
Cah nakal
Koyok brandal

Mestine awakmu ngerti bapakmu
Mestine awakmu manut ibumu
Ojo mikir saru
Karo ngguya ngguyu
Mengko ndasmu dikeplak lan diguyur banyu

Lo lela lelo dul
Ojo bandel dul
Mesa'ke Ibu dul
Gawe nesu dul

Lo lela lelo nduk
Ojo males nduk
Mesa'ke Bapak nduk
Nyambut gawe nduk

Bocah
Dikon turu ora gelem
Dikon mangan malah mingkem
Njaluk duit karo ngancem
Dasar bocah kurang asem

Bapak muring malah ayem
Ibu nesu malah dugem
Mulih mulih malah mendem
Dasar bocah kurang asem

Mbedigal
Mbedigal
Koyok kadal
Cah nakal
Cah nakal
Koyok brandal

Mbedigal
Mbedigal
Koyok kadal
Cah nakal (Bo)
Cah nakal (Bo)
(Bo, bo, bo) Koyok brandal

(Bocah)

Daftar lirik lagu Diandra Ramadhan