Sumamburat Bang

Ardia Diwang Probowati

Sumamburat bang-bang wétan
Kålåwanci kang pinêsthi
Sêdåyå pêparingé Gusti
Solah tingkah munå muni
Tindak tanduk kang nyawiji
Linambaran agåmå ageming aji

Ånå urip ånå mati
Padhang pêtêng kang wis mêsthi
Bungah susah iku pêparingé Gusti

Ngupåyå lan pamarsudi
Kanthi tulusing ati
Pådhå nggayuh wahyuning Ilahi

Sun ngidung têngah wêngi
Konjuk ngarsaning Gusti
Kang nyiptå jagad iki
Kang ngrêkså jiwå iki

Sun ngidung wayah wêngi
Nyuwun agunging pangaksami
Lêpat lan doså niki
Panjênêngan ampuni

Kang bêcik tinuladå
Kang ålå singkirånå
Ngunduh wohing pakarti
Kang biså diwiradati

Bêbudèn kang utåmå
Sêntoså jiwå rågå
Wêlas asihé Padukå
Tinebih såkå rubédå

Ånå urip ånå mati
Padhang pêtêng kang wis mêsthi
Bungah susah iku pêparingé Gusti

Ngupåyå lan pamarsudi
Kanthi tulusing ati
Pådhå nggayuh wahyuning Ilahi

Sun ngidung têngah wêngi
Konjuk ngarsaning Gusti
Kang nyiptå jagad iki
Kang ngrêkså jiwå iki

Sun ngidung wayah wêngi
Nyuwun agunging pangaksami
Lêpat lan doså niki
Panjênêngan ampuni

Kang bêcik tinuladå
Kang ålå singkirånå
Ngunduh wohing pakarti
Kang biså diwiradati

Bêbudèn kang utåmå
Sêntoså jiwå rågå
Wêlas asihé Padukå
Tinebih såkå rubédå