Mending Pedot

Pendhoza

Janji, janji, janji, marang awakku
Nyatane mung palsu, palsu, seko lambemu
Sak jane aku ngertiKoe kui mung ngapusi
Nanging opo awak iki
Iseh tresno setengah mati

Aduh puyeng sirah iki (Sirah iki)
Mubeng ra karuan mikirke koe cah ayu (Cah ayu)
Seng nggawe pikiran
Ning ngopo kok koyo ngene (Koyo ngene)

Mbendino tok sepelekke (Sepelekke)
Opo ora mikir koe ki sek tak tresnani (Tak tresnani)
Opo uwis lali kowe ki sek tak enteni (Tak enteni)
Nanging kabeh janji kuwi
Wis ora terbukti
Mung nglarani ati
Pasrah karo sang Illahi

Uwes cukup, cukup, cukup, anggonmu le sandiworo
Yen pancen ra tresno, tresno
Luwih becik kowe lungo
Raiso tepo sliro nggawe atiku nelongso
Mending pedot wae
Golek tresno seng liyane

Aku t′rimo pedot senajan rasane abot
Wes bacot kuciwo amung gawe aku loro
Ati wes ra biso neruske dalane c'rito
Marang kowe cah ayu mergo janji palsumu

Wes cukup semene anggonku nyanding awakmu
Senajan roso tresno iseh ono mring sliramu
Saiki koe lungo seko adohing mripatku
Aku kudu kuat senajan pisahan ro awakmu

Ibarat tibo tasih ketiban ondo
Wes loro tambah di sio-sio
Opo kowe kui wes ora mikir
Timbang ngrasakke tresnamu aku trimo sumingkir

Janji, janji, janji, janji, marang awakku
Nyatane mung palsu, palsu, seko lambemu
Sak jane aku ngerti koe kui mung ngapusi
Nanging opo awak iki
Iseh tresno setengah mati

Uwes cukup, cukup, cukup, anggonmu le sandiworo
Yen pancen ra tresno, tresno
Luwih becik kowe lungo
Raiso tepo sliro nggawe atiku nelongso
Mending pedot wae
Golek tresno seng liyane