Memanik

Irenne Ghea

Mung sliramu kang dadi manik ing kalbu
Pindo retna kang katon malelo
Tak weling mugio tansah eling
Nadyah adoh rasaku tansah sumandhing

Rino wengi aku mung tansah ngenteni
Tan pegat anyidham tetesing tresno

Kang satuhu dadi tetaline
Atiku kang tansah anandhang kasmaran

Wong kuningkap mung jroning atiku
Asihmu kang ngrenggani
Dadi usadane aku kang nandhang branto
Lilanono jagat mring sliramu
Tansah gandheng renteng kaya mimi mintuno

Tak anti an ning gisik samudra
Lelumbaning asmaro ombak ing prasetya
Tandha anteping tresna
Sineksenku mung hanggarit mendhung
Atiku kang wuyung yen tan gambuh anglayuh

Mung sliramu kang dadi manik ing kalbu
Pindo retna kang katon malelo
Tak weling mugio tansah eling
Nadyah adoh rasaku tansah sumandhing

Rino wengi aku mung tansah ngenteni
Tan pegat anyidham tetesing tresno

Kang satuhu dadi tetaline
Atiku kang tansah anandhang kasmaran

Wong kuningkap mung jroning atiku
Asihmu kang ngrenggani
Dadi usadane aku kang nandhang branto
Lilanono jagat mring sliramu
Tansah gandheng renteng kaya mimi mintuno

Tak anti an ning gisik samudra
Lelumbaning asmaro ombak ing prasetya
Tandha anteping tresna
Sineksenku mung hanggarit mendhung
Atiku kang wuyung yen tan gambuh anglayuh

Daftar lirik lagu Irenne Ghea