Wegah Kelangan

Intan Rahma

Rungokno jerit atiku iki
Sing bingung noto roso ning ati
Pengenku kowe ngertiSing tak pikir saiki

Tulung kowe ojo salah tompo
Ojo mbok pikir aku ngeliyo
Kabeh iki kahanan
Ra iso neruske katresnan

Jujur aku iseh sayang, wegah kelangan
Mergo tresno wis tak patri neng jero ati
Nanging arep piye meneh, iki wis kahanan
Kudu pisahan

Njalukku kowe ojo nangis mergo lungaku
Mungkin iki wis ginaris, dudu penjalukku
Nglungani sliramu abot rasane
Pangapurane

Ora ono niatku ngelarani atimu
Rungokno aku senajano aku sing kleru
Tak akoni pancen gede roso tresnoku
Yo mung kanggo awakmu
Cukup pisan iki kowe loro ati
Ora tak baleni anggonku lek nglarani, ah-ah

Jujur aku iseh sayang, wegah kelangan
Mergo tresno wis tak patri neng jero ati
Nanging arep piye meneh, iki wis kahanan
Kudu pisahan

Njalukku kowe ojo nangis mergo lungaku
Mungkin iki wis ginaris, dudu penjalukku
Nglungani sliramu abot rasane
Pangapurane

Mung kependem roso tresno
Bebarengan ora bakal dadi nyoto
Pengen langgeng, yo kuwi karepku
Nanging wong tuaku ora setuju

Jujur aku iseh sayang, wegah kelangan
Mergo tresno wis tak patri neng jero ati
Nanging arep piye meneh, iki wis kahanan
Kudu pisahan

Njalukku kowe ojo nangis mergo lungaku
Mungkin iki wis ginaris, dudu penjalukku
Nglungani sliramu abot rasane
Pangapurane

Daftar lirik lagu Intan Rahma